B. Daerah

Pertanyaan

penutup pidato bahasa jawa

1 Jawaban

  • Jawaban:

    Tuladhane panutup pidato

    - Pramila, cekap semanten kemawon atur kula, bok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.

    Billahittaufiq wal hidayah, Wassalamu'alaikum wr. wb. / matur nuwun.

    -Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.

    Wassalamu'alaikum wr. wb. /matur nuwun.

    Penjelasan:

    Phidato

    Phidato yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijine panemu kanggo ancas tartamtu.

    Phidato diarani sesorah utawa medhar sabda. Ana uga sing ngarani phidato nganggo istilah tanggap wacana lan tanggap wara.

    Ancase phidato ana telu:

    • Menehi informasi utawa katrangan marang pamiyarsa
    • Menehi hiburan marang pamiyarsa utawa nyenengake atine wong sing ngrungokake
    • Mbujuk utawa ajak ajak supaya wong sing ngrungokake percaya banjur nindakake apa sing dikarepke pamicara.

    Perangan - perangan phidato

    1. Salam pambuka. Tuladha: Assalamualaikum wr. wb., sugeng enjing,sugeng siyang, sugeng dalu
    2. Pambuka/purwaka
    3. Isi/surasa
    4. Panutup/wasana
    5. Salam penutup. Tuladha: Wassalamu'alaikum wr. wb., nuwun, matur nuwun

    Panutup phidato isine pengarep arep, dudutan, nutup phidato lan nyuwun pangapura menawa ana keluputan.

    Muga-muga migunani

    Sinau luwih lengkap:

    https://brainly.co.id/tugas/18428958

    • Contoh teks pidato bahasa jawa

    https://brainly.co.id/tugas/10436731

    • Tolong buatkan kerangka pidato bahasa jawa

    _________________

    Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

    Kelas : 5

    Materi : Phidato

    Kode kategorisasi : 5.13.1

    Kata kunci : penutup, phidato, bahasa, jawa

    #OptiTeamCompetition

Pertanyaan Lainnya