bathok bolu isi madu paribasan ing dhuwur tegese a.won asor nanging sugih kapinteran b.pakulinan ilange menawa wis mati c.mung melu modo lan elu wae ora ngerti
B. Daerah
gells12
Pertanyaan
bathok bolu isi madu
paribasan ing dhuwur tegese
a.won asor nanging sugih kapinteran
b.pakulinan ilange menawa wis mati
c.mung melu modo lan elu wae ora ngerti karepe
d.bodho lan pinter padha dene nemu kacilakan
paribasan ing dhuwur tegese
a.won asor nanging sugih kapinteran
b.pakulinan ilange menawa wis mati
c.mung melu modo lan elu wae ora ngerti karepe
d.bodho lan pinter padha dene nemu kacilakan
1 Jawaban
-
1. Jawaban tessy
Apa tegese bathok bolu isi madu?
Jawaban
Pendahuluan
Bahasa Jawa iku sugih marang jenis-jenising tetembungan. Contone Tembung-tembung ing basa jawa ana sing jenenge tembung bebasan, tembung parikan, tembung entar, tembung paribasan, tembung saloka, tembung saroja, tembung dwilingga, lsp.
Pembahasan
Tembung Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. (Yaitu rangkaian kata yang tetap penggunaanya, tidak mengandung makna pengandaian, dan bermakna konotatif)
Tuladhane :
- Aja buru menange dhewe, tegese aja dadi wong sing gelem menange dewe.
- Aja dumeh, tegese aja mentang-mentang.
- Aja gugu karepe dhewe, tegese aja polah sak seneng awake dewe.
- Aja mbedakake marang sapadha-padha, tegese kurmati perbedaan, ampun mbeda-bedake sesama manungsa.
- Alon-alon waton kelakon, tegese ora perlu kesusu sing tandang gawe.
- Anak polah bapa kepradah, tegese Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
- Angon mangsa, tegese ngerti wektu utawa ngerti wayah.
- Bathok bolu isi madu (bolong telu), tegese wong asor nanging sugih kepinteran.
- Becik ketitik ala ketara, tegese Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine.
- Criwis cawis, tegese seneng maido nanging yo seneng menehi.
- Durung pecus keselak besus, tegese durung nyambut gawe nanging duwe kepenginan werna-werna.
- Kebo kabotan sungu, tegese wong sing nduwe anak akeh nanging rekasa anggone ngopeni.
- Pupur sadurunge benjut, tegese Ngati-ati sakdurunge cilaka.
- Rindhik asu digitik, tegese banter/cekat-ceket amarga dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.
- Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, tegese Yen padha rukun mesti padha santosa, yen pada congkrah mesti bakal bubrah/rusak.
- Sepi ing pamrih rame ing gawe, tegese nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih.
- Sing sapa salah seleh, tegese sapa sing salah bakal konangan.
- Tulung menthung, tegese katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi.
- Tuna sathak bathi sanak, tegese rugi bandha nanging bathi pasuduluran.
Kesimpulan
Tegese bathok bolu isi madu yaiku (A) Wong asor nanging sugih kepinteran.
Pelajari Lebih Lanjut :
- Bedane Paribasan, Bebasan, Saloka, waca ing brainly.co.id/tugas/1721758
- Tuladha Tembung Dwilingga, waca ing brainly.co.id/tugas/1035191
- Tembung Entar, waca ing brainly.co.id/tugas/12792924
Detail Jawaban
Kelas : VIII
Kategori : Paribasan
Kode : -
Kata Kunci : Pengertian Paribasan, Tegese Paribasan, Contoh Paribasan, Tuladha.
Pertanyaan Lainnya