B. Daerah

Pertanyaan

contoh teks anekdot lisan bahasa jawa

1 Jawaban

  • Ngatasi Banjir"

    Petruk lan Limbuk nyalon dadi pasangan gubernur lan wakil gubernur ing salah sijine kutho ing ngastino sing sering banget kebanjiran.

    Banjir ing kuhto kui wis dadi masalah kat jaman biyen; naliko kutho kui wis kebak manungso. Salah siji sebabe yo kui amargo kali-kali sing mestine dadi dalan banyu udan malah nggo mbuang sampah lan dadi pemukiman. Mulo kui masalah iki tetep dadi tantangan sing kudu diurus karo kabeh calon gubernur.

    Gubernur sakdurunge, si Gareng, wis ngusahakke sing paling apik, yo kui ngambakke maneh kali ben fungsine mbalik koyo asale biyen.

    Mulo kui gareng mindahke warga sing sakdurunge manggon ning pinggir kali menyang rumah susun sing sewane murah. Tahun iki gareng yo melu nyalon maneh dadi gubernur, ning para pesainge nibakke Gareng lan nuduh yen pemerintahane Gareng kui semena-mena nggusur rakyat.

    Ing sawijine debat sing kudu dilakoni, kabeh calon diuji programe. Ning acara iki ora luput karo ukara ece-ecenan marang siji lan liyane.

    Moderator   : Sedulur kabeh calon gubernur lan wakil gubernur, saiki enek pitakonan bab program nggo nalangi masalah banjir. Monggo pak Petruk kulo aturi maturaken program-programipun.

    Petruk   : Sedulurku kabeh, aku isih kelingan lan ugo wis tilik lapangan yen program taun wingi, yo kui penggusuran warga, sakjane dadi masalah.

    Warga sing digusur kelangan papan panggonan tur yo ora entuk ijol sing luwih apik mergo wong-wong kui kabotan leh mbayar.

    Mulo kui, yen aku dadi gubernur, aku ora bakal nggusur wargaku, malah kabeh bakal tak sangoni per RT sak milyar per bulan. Mbuh kono nggo modal usaha opo nggo tumbas lemah ning provinsi liyane.

    Nah, babagan kebanjiran sing salah siji sebabe yo kui isih akeh pemukiman ning pinggir kali, aku nduwe solusi jitu sing keno nggo ngambakke kali ning ora nggusur wargane; pas aku dolan ning Italia biyen, akeh omah apung istilahe, yo kui omah sing ngadeg ning nduwur banyu.

    Dadi kaline tetep iso ombo, ning rakyate tetep iso manggon ning nduwur kali.

    Moderator   : Wektune telas. Saiki gilirane Pak Gareng ngaturke pikirane.

    Gareng:   Nyuwun ngapunten sak derengipun, ning kulo wingi mboten nate nggusur warga, kulo namung mindahke warga teng papan sing luwih becik, luwih resik, luwih sehat ora umpeg-umpegan karo sampah lan limbah.

    Kulo sampun mbangun rusun kagem warga ingkang mukim enten pinggiripun kali. Lha pinggiran kali menika kan sakjane mboten pareng dibangun lha wong niku lemah negoro.

    Omah-omah menika illegal. Ning kulo mboten kok sakpenake mbubrahi papan-papan menika. Kulo ijoli. Mboten wonten solusi menapa-menapa kejaba ngambakke kali ben kutho niki mboten banjir malih.

    Kulo mboten njanjekke duit kagem warga kutho niki nanging kulo janji bakal nggawe rakyat luwih pinter lek mikir, luwih sehat lek urip, luwih aman, lan luwih mandiri.

    Kabeh niku pun mlampah ming kari nglanjutaken sing kirang sekedik. Lha niku program rumah apung nopo yo mungkin yen diwujudaken teng kutho mriki wong lingkungane mawon benten sanget kok kaliyan Italia, misale. Lha pripun?

    Moderator   : Monggo Pak Petruk nanggepi wangsulanipun Pak Gareng.

    Petruk   : Saged. Kulo saged nggawe panggonan nggo rakyat sing ora perlu nggusur rakyate. Mesakke. Aku trenyuh. Trenyuh nyuh nyuh. Prihatin tin tin tin yen wargaku digusur.

    Mulo kui arep tak sangoni duit sing akeh banget cacahe nggo modal. Tak anggarke soko penghasilan daerah mengko. Sementara pembangunan prei disik mergo anggarane arep tak dumke nggo kabeh warga ben ora mlarat maneh uripe, makmur lan iso nggawe usaha dewe….bla…bla…bla…

    Moderator   : Wektunipun sampun telas. Menikolah acara debat ndalu meniko. Ngaturaken sedoyo kalepatan, kulo lan kru nyuwun agunging pangapunten.

Pertanyaan Lainnya